Laku

Sliramu ora bisa mlaku barêng aku,
kadya gemiyèn, mêcaki gumuk jagasatru,
dalanmu wus kapalang watu gêdhé,
laku kang lungkrah dina sadurungé,
sliramu pancèn ora kuwawa,
mula sliramu nora bakal têka,
banjur aku mlaku, lan ora dadi ngapa,
sliramu tinilar, gumuk satru ora nggrahita.

Aku mlaku dhéwé dina iki,
ora saèmpêré lakuku wingi uni;
dakulati pêcak mbaka pêcak,
ing gêgêr gumuk kang sêmanak;
namung aku kang mêruhi
banjur apa prabédané?
kadya ngulati sênthong ing omahe dhéwé.

“The Walk” by THOMAS HARDY 1912
230416-kdp version (translation)

Leave a comment