Udan, udan têngah wêngi, ora ana udan liya
ing gubug surêm iki
lan aku dhèwèkan
ngelingi manèh yen aku bakal tumêka ing pati
lan ora bakal dakrungu maneh
tlêthik utawa atur panuwun
kang wus mbilas awak, mulas dhiri
wiwit lair nganti tumêka ing kasêpèn iki.
rahayune wong kang mati, kagêbyur kremun
nanging ing kéné aku isih ndêdonga
aja nganti wong-wong kang daktrésnani
wêngi iki gumrêgah utawa tangi,
sesidhêman mirêngaké têtêmbanganing kêpyur
wêngi kang tintrim, hawa kêkês mbrêbês mili
ing satêngahing wong kang urip lan mati.
kadya banyu njêkut ing satêngahing têmbang
maèwu gêndhing wus gumléthak lan njêpapang,
kadya aku kang wus ora duwé katrésnan,
amarga wus dipupus déning dêrêsing udan,
kajaba siji, yaiku katrésnan kang sampurna,
katrésnan marang pati.
mula udan angin nora bisa nggawa kabar,
kang bangêt nguciwani.
“Rain” by EDWARD THOMAS 1916
140517-kdp version (translation)